kerak telor betawi

shares |

Kerak Telor












Kerak telor ya iku panganan asli Betawi kang wis ana wiwit jaman biyèn sarta minangka panganan khas Jakarta.[1] Panganan iki digawé saka beras ketan putihendhog bèbèk utawa endhog pitik, ebi (urang garing), srundeng (parutan klapa kang disangan garing), brambanggoreng sarta bumbu lombok abang, kencurjaemricauyah, lan gula pasir.[2] Kerak telor ora dimasak ing ndhuwur kompor nanging nganggo keren utawa anglo (basa Indonésia:tungku).[2] Ketan kang dianggo nggawé kerak telor iku kudu dikum dhisik kurang luwih sewengi suwéné.[3] Ketan iku dijupuk lan diratakake ing wajan panas, nanging ora nganggo lenga.[3] Sawisé iku, ditambahi srundeng lan bahan-bahan liyané.[3] Nalika nggawé kerak telor, wajan kang dianggo nggawé sadhéla-sadhéla diwolak-walik madhep keren. Iki dilakoni supaya kerak telor matenge rata.[2] Yèn wis garing lan mateng, kerak telor bisa disuguhake kanggo dipangan.[2]

0 komentar:

Posting Komentar